Kolom Ganggas Yusmoro: KANJENG SINUHUN SULTAN

Duh, Kanjeng. Katur pambagio lan katur uningo bilih kawontenan ing Tlatah Ngayogyakarta Hadiningrat sampun Rinaos goreh ing penggalih. Tan kuwowo badhe matur punopo dene kahanan Ing Nagari kang Edi endah lan tentrem sakpunino sampun kados dene ancik ancik ing pucuke wowo.

Nembe kemawon wonten kedadosan ingkang nglingsemake. Kedadosan ingkang nyimpang saking paugeraning agesang, lan panjenenganipun sultan malah mboten kados dene Ratu gung binathoro. Malah panjenengan ngendiko kados dene manungso limrah: “Jika mau bakti sosial jangan bawa-bawa gereja.”




Kanjeng Sinuhun sultan sesembahanipun kawula ngayogyakarta Hadiningrat, pangandikaning Ratu puniko tamtunipun dipun antu antu sedoyo kawula. Lan kawula Ngayogyakarta mesthinipun maneko warno Suku, Agama lan Ras.

Dene panjenengan sampun ngendiko makaten, panjenengan sampun Bang Cinde bang silaban. Sinten kemawon saget ngraosaken bilih panjenengan sampun tebih ingkang asmanipun ADIL.

Kanjeng Sinuhun Sultan..
Saksampunipun wonten ontran ontran ing saklebeting Gereja ngantos wonten ingkang gubras getih saking manungso kang ilang kamanungsanipun, panjenengan anamung ngendiko.




“Saya menangis dan prihatin.”

Duh kanjeng Sultan, panjenengan puniko Ratu. Mesthinipun sampun pirso menawi ngayogyakarta sakmangke boten kados dene ngayogyakarta ingkang Toleran. Ngayogyakarta ingkang toto tentrem kerto raharjo.

Nyuwun Gunging pangaksami kanjeng Sinuhun, mbok bilih sampun mboten kuwagang malih ngayahi amanah ing pundak, Sumonggo dipun Seleh ake kemawon.

Nuwun..

VIDEO: Lagu kenangan (Karo) tentang Yogkarta dari Alm. Jusup Sitepu yang sempat kuliah seni di kota ini. Lagu ini dipersembahkan kepada kekasihnya bernama Kristina, seorang Jawa dari Yogkarta.








Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.